Eny Sagita - Kahanan
Koyo cahyaning bulan kang kalingan mego
Peteng koyo aneng luwang
Suwung sepi tan ono
Kang biso angluwari panandanging ati
Jerit tangis atiku
Netes luh ning pipiku
Roso nelongso sliramu megatne tresno
Ibarat kembang kang layu tanpo kumbang asmoro
Aku kang kebacut tresno kok tinggal lungo
Nglangut ing wanci wengi
Yen warak atiku nelongso
Putus talining janji
Kowe ninggal kembang tresno
Loro laraning ati
Nadyan loro saya nerimo
Sliramu cidro janji
Tego ninggal saya lungo
Tak lilakke lungamu
Nadyan abot jroning rasaku
Pepes woting atiku
Kesayat welat tresnamu
Nadyan adoh dunungmu
Ojo nganti nglalekke aku
Dadi memanik ing kalbu
Umpamane kowe bali
Nambani laraning ati dek semono
Tak enteni kowe bali
Bebarengan nyambung tresno dek semono